Kamis, 02 Mei 2024

URUT RERONCENING ADICARA WISUDA

 

URUT RERONCENING

ADICARA WISUDA MTs NEGERI 2 DEMAK

TAUN PIWULANGAN 2019/2020

Assalamualaikum Wr.Wb

Mukhodimah.............. (sesuai selera MC).

Kanthi rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Allah SWT. Mugi tansah kajiwa kasarira, sumandha ing jiwangga panjenengan sedaya lan kula. Waradin sagung dumadi. Raharja niskala.

Dhumateng para pepundhen, para sesepuh pinisepuh dalah ajisepuh ingkang hanggung hastuti dhateng kautaman.

Para alim ulama' ingkang tansah sumandhing kitab suci wahyuning llahi, rinten kelawan dalu minangka panuntun keblating panembah, mliginipun dhumateng panjenenganipun Bapa KH.....................ingkang tansah kita antu-antu sabdatamanipun.

Pangarsa MTs Negeri 2 Demak nun inggih Bapa Drs. Karsono, M. Pd., ingkang tansah pinundhi-pundhi ing sesama.

Para dwija MTs Negeri 2 Demak, ingkang boten saged kula sebat setunggal baka setunggal ingkang satuhu kinurmatan.

Dhumateng sangya para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Boten kesupen para karyawan dalah siswa-siswi MTs Negeri 2 Demak ingkang pantes lamun sinudarsana.

Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken manungku puja, muji syukur wonten ngarsanipun Allahrobbul izzati, ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat saha hidayahipun, saengga wonten ing wekdal menika, kita saged pinanggih kawilujengan, saged kempal manunggal wonten ing adicara Wisuda MTs Negeri 2 Demak taun 2019. Sumangga nikmat menika kita syukuri kanthi billisan biqoulina Alhamdulillahi robbil 'alamin....

Sholawat sarta salam mugi katur dhumateng Rosul Junjungan kita, Muhammad SAW ingkang sampun nglilakaken gesangipun, kangge mbikak pedhuting donya tumuju cahyo ingkang padhang jinglang anelahi alam menika. Mugi kanthi maos sholawat, kita tansah pikantuk syafaatipun minat dunya hattal akhiroh, amin-amin yaa robbal alamin. Para rawuh saha para lenggah ingkang satuhu luhuring budi.

Kula ingkang piniji murwakani atur, minangka jejering pambewara keparenga badhe ngaturaken urut reroncening adicara Wisuda MTs Negeri 2 Demak ing kalenggahan menika.

Wondene adicara ingkang badhe kalampah:

setunggal pambuka.

kaping kalih, tiga, sekawan nun inggih grup paduan suara, wisudawan-wisudawati dalasan para dwija, lumebet ing sasana wisuda.

Adicara kaping gangsal nun inggih, waosan ayat-ayat suci Alqur'an.

Adicara kaping nem nun inggih, waosan tahlil.

Kumandhanging Lagu Indonesia Raya dumawah wonten ing adicara kaping pitu.

kalajengaken adicara kaping wolu nun inggih Prosesi wisuda.

Adicara kaping sanga nun inggih atur pangandikan.

Adicara kaping sedasa sumene utawi (istirohat).

Mauidlotul hasanah dumawah wonten ing adicara kaping sewelas.

Saha adicara ingkang pungkasan nun inggih do'a ateges panutup.

Mekaten para rawuh, menggah rantaman adicara ingkang badhe gumelar ing kalenggahan menika. Mugi tansah manggiha rahayu widada nir ing sambekala....

Para rawuh,

Kula minangka jejering pambewara hambok bilih anggen kula wicara hangrakit basa, wonten kliruning ukara, kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang siglar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Wabillahit taufiq wal hidayah

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Sugeng Kondur, sugeng lelampahan. Mugi tindak panjenengan saking ngriki ngantos dumugi dalemipun sowang-sowang tansah manggiha rahayu widada nir ing sambekala.

Tidak ada komentar:

BERKAH KETAQWAAN

  Tersebutlah seorang pemuda yang sangat bertaqwa, dia sangat lugu dan polos. Suatu ketika pemuda itu belajar kepada seorang syaikh. Setelah...