Kamis, 02 Mei 2024

Lomba Sesorah (Sejarah R. A Kartini)

Sabtu, 20 April 2019


Sejarah R.A Kartini


        Salah satunggaling pahlawan estri ing Indonesia ingkang kawentar, kejawi Cut Nyak Dien inggih punika R. A Kartini, sanadyan panjenenganipun boten ngginakaken gaman, ananging lelabuhanipun R. A Kartini saged migunani tumrap sadaya tiyang estri mliginipun para wanita ing Indonesia.


    Wonten ing desa Mayong tlatah Jepara, surya kaping 21 wulan april warsa 1879 R. A Kartini dipunlahiraken dening Ibu saking kalangan rakyat biasa ingkang dipundadosaken garwa ampil dening Wedono Mayong R. M. A. A Sosroningrat, R. A Kartini punika putri nomer gangsal saking R. M. A. A Sosroningrat lan urutan ingkang kaping sekawan saka Ibu kandung M. A Ngasirah. Putri ingkang lahir kalawau anggadhahi tetenger kadosta socanipun bunder blalak-blalak sumunar mancarake cahyo kang padhang, kaya-kaya ngadhep masa depan ingkang kathah tantangan. Dina tansah lumaku, R. A Kartini ageng wonten satengahing katentreman lan kasarasan, panjenenganipun kepengin polah, mlayu mrana-mrene boten wonten ingkang menging, punapa kemawon ingkang saged ndamel manahipun bingah nggeh dipunlampahi. Amargi saking kebebasan lan kegesitane kalawau, panjenenganipun dipun parabi "TRINIL" dening Ramanipun.


        Wonten ing jaman semanten lare estri boten angsal ndherek sekolah kados tiyang jaler, amargi tiyang sepuh rikala semanten gadhah penggalih bilih tiyang estri punika namung gadhah tanggel jawab macak, masak tuwin manak. Nalika R. A Kartini milai sekolah ing "Europese Lagere School” Belanda, panjenenganipun remen sanget, sifat ingkang dipungadhahi lan kapinteranipun ingkang linuwih kalawau ndadosaken R. A Kartini cepet lan gampil dipun remeni kanca-kancanipun.


        Pinten-pinten tahun sabibaripun ngrampungaken pendhidhikan ing "Europese Lagere School”, R. A Kartini nggadhahi kekarepan sekolah malih wonten tingkat pndhidhikan ingkang langkung inggil, ananging wonten rasa mamang, ragu ing penggalihipun, amargi wonten paugeran adat bilih kagem kaum ningrat menawi wanita sampun kalih welas tahun yuswanipun kedah nglampahi pingitan.


       Kanthi semangad lan ora kenal putus asa R. A Kartini nambah kawruhe tanpa sekolah amargi piyambakipun sadar menawi ngalamun lan nangis boten bakal wonten asilipun, lajeng salah satunggaling dalan kangge nelasaken wekdal inggih punika kedah tekun, tlaten maos buku punapa kemawon ingkang dipungadhahi Rama lan kakange.


    Sanadyan R. A Kartini boten nggadhahi kalodangan ngrampungaken sekolah, ananging piyambakipun saged nuntun para remaja putri priyayi, bumi putra wonten ing serambi pendopo wingking kabupaten. Nalika semanten sampun dipuntepangaken istilah kriya ing pelajaranipun, R. A Kartini sampun ngrampungaken lukisan karo cat minyak, ananging murid-murid sekolahipun tasih makarya, makarya kanthi ngasilaken pakaryan kanthi astanipun piyambak-piyambak, wonten ingkang njahit, ndamel pola utawi wujud-wujud dasar ndamel sandhangan.


        R. A Kartini rumaos dereng kasil dumugi penjenenganipun krama kaliyan bupatiRembang ingkang asma K. R. M Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat, ananging R.A Kartinigadhah dukungan saking garwanipun saengga saged ndamel sekolahan khusus kagem tiyangestri ing rikalan semanten.


        Perjuangan emansipasi terus dipunlampahi saengga para wanita saged uwal saking adhat pingit, wanita gadhah hak ingkang sami kaliyan tiyang jaler, para wanita saged ngangsu kawruhing sekolahan kados tiyang jaler.

        Saking palakramanipun kaliyan K. R. M Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat, R. AKartini dipunparingi ngandhut kaliyan Allah S.W.T, nalika surya kaping tiga welas wulan September warsa 1904 R. A Kartini nglahiraken bayi jaler kanthi asma Singgih utawi R. M Soesalit, nanging kahanane R. A Kartini tansah payah, boten nggadhahi daya maleh, sanadyan sampun nglampahi prawatan khusus, saengga nalika surya kaping pitulas wulan September warsa 1904, R. A Kartini unjal ambegan kang pungkasan, nalika yuswanipun selangkung tahun.

        Pramila para kanca, kita minangka Kartini-Kartini ing jaman sakniki kedah saged nglajengaken lelabuhanipun ingkang migunani nusa, bangsa, lan agama.


Ket:
R. A                :Raden Ajeng
R.M.A.A        : Raden Mas Aryo Adipati
M.A                :Mas Ajeng
K.R.M            : Kanjeng Raden Mas
R.M                : Raden Mas



Tidak ada komentar:

BERKAH KETAQWAAN

  Tersebutlah seorang pemuda yang sangat bertaqwa, dia sangat lugu dan polos. Suatu ketika pemuda itu belajar kepada seorang syaikh. Setelah...