"Tak lelo lelo lelo ledung,cup menenga aja pijer nangis,
Anakku sing bagus rupane, yen nangis ndak ilang baguse,
Tak gadang bisa urip mulya, dadia satriya utama,
Ngluhurke asmane wong tuwa, dadia pendekaring bangsa".
"Kekidungane Simbah"
Dening Ucik Fuadhiyah
Ing pinggir ratan kene, ing ngisor dipan kono,
Ing ndhuwur dingklik iki, ing kene, yoh ing kene
Simbah tansah angudang
Tembange: "tak lelo lelo lelo ledung, cup menenga aja pijer nangis".
Tak lelo lelo lelo ledung, mbesuk gedhe, dadia wong agung.
Saben mripat wengi, wis kumlawe,
Dak simpen kekidungan, kang ginawa angin,
Konjuk donga, mugi Gusti ngijabahi,
Lan pangestumu, simbah,
Bakal dadi piweling dalan kang bakal dak ambah,
Dalan kang sarwa kebak ri,
Dalan kang rinasa wengis, tumrap jangkahku,
Nanging simbah,
Dak kira jangkahku iki bakal kandek,
Ya kidung kudanganmu iku, tansah keprungu,
Gawe gregeting manah lan sukmaku,
Nglakoni dina-dina kang wus kagelar ing lembaran-lembaran ing ngarep,
Simbah, apa iseh bakal keprungu kekudanganmu mengko?
"tak lelo lelo lelo ledung, cup menenga aja pijer nangis".
Kapethik saking buku geguritan Gendari marang Drestarasta 2020.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar