Kamis, 02 Mei 2024

TULADHA SESORAH

 

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh.

 

Allahummasholli a’laa sayyidina muhammad wa ‘alaa aalihi wa’asbih, amma ba’du

 

Nuwun, nuwun, kula nuwun.

 

Wonten ngarsanipun . . . .

Wonten ngarsanipun dewan juri ingkang satuhu luhur ing budi

Wonten ngarsanipun kanca-kanca ingkang kula tresnani.

 

Para pamiharsa,

Sumangga kita sesarengan mocap puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti kang maha Agung inggih punika Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring taufiq lan hidayah, dene ing wekdal punika kula saha panjenengan taksih pinaringan kasugengan saha karaharjan, saged pinanggih wonten . . . . . mriki, saperlu badhe ndherek wontenipun lomba sesorah basa jawi. Lajeng boten kesupen shalawat sarta salam kita aturaken dhumateng Rasulullah Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafa’atipun mbenjang wonten dinten akhir.

 

Para pamiharsa,

Kawuningana wonten kalodhangan punika kula badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “Peran Generasi Muda Dalam Membangun Bangsa ”

Tiyang punika dipunwastani muda tumaruna saking yuswanipun inggih punika tiyang ingkang yuswanipun 10-24 taun tur taksih makantar-kantar semangatipun.

Generasi muda inggih punika para kawula muda ingkang badhe nglajengaken lelabuhanipun utawi perjuangan para pinisepuh, pramila wonten ing pundhakipun para muda nasibipun bangsa, khususipun wonten mriki bangsa Indonesia.

 

Kadosta ingkang dipunngendikaken dening Imam Syafi’i:

Syubbanul yaum rijaalul ghod

Tegesipun:

Para muda sapunika badhe dados pemimpin wonten mangsa ingkang badhe dhateng.

 

Para muda,

67 warsa kita sampun ngraosaken endahipun kamardikan. Kangge nggayuh punika prelu lelabuhan utawi perjuangan ingkang awrat sanget, ananging tembung “kamardikan” badhe langkung jangkep menawi saged desang adil lan makmur. Sasampunipun punika jejibahan lajengipun salebeting pembangunan, pembangunan fisik utawi non fisik. Saged kita wastanin fisik inggih punika bangunan-bangunan ingkang sampun wonten. Lan non fisik inggih punika manah lan pikiran kita kangge mbangun.

 

Para muda,

Kita minangka generasi muda, kekudanganing utawi harapan bangsa ingkang boten sekedik cacahipun, kita sanget dipunprelukaken salebeting pembangunan. Kita kedah ngawuningani bilih gesang inggih punika perjuangan lan perjuangan kangge gesang! Kanthi cara punapa kita minangka generasi muda ngisi kamardikan??? Kita kedah nedahaken solah bawa ingkang sae, boten gumedhe, kedah sopan santun, prigel sinau, kreatif utawi trampil, remen tulung tinulung, boten ngrokok, boten ngunjuk alkohol lan boten ngginakaken obat-obatan ingkang kalarang. Amargi menapa para muda??? Sedaya prekawis kalawau menawi kita lampahi saged ngrisak gesang kita, menawi sampun risak, punapa ingkang saged kita lampahi kangge bangsa Indonesia kita??? Temtu kita sampun boten saged malih dados kekudanganing utawi harapan bangsa.

 

Para muda,

Menawi boten kita, sinten malih ingkang badhe memangun bangsa kita??? Dados, sumangga kita sedaya nglenggana punapa ingkang dados jejibahan lan tanggel jawab kita minangka generasi muda. Kita bangun bangsa Indonesia punika wonten arah ingkang langkung sae, kita sedaya generasi muda kekudhanganing bangsa Indonesia.

 

Para muda,

Menawi ngendikan ngenani pemuda punika, hmmmmmmmmm......

Harapan bangsa, pemuda

Harapan umat, pemuda

Harapan agama, pemuda

Harapan negara, pemuda

Harapan pemudi, pemuda.

 

Para muda,

Paripurna, sumangga kita tingali mangsa ingkang badhe dhateng kanthi kathah pangajeng-ajeng ingkang saged ndadosaken mupangat kagem dhiri pribadi, keluarga, bangsa lan negara.

 

Para muda,

Punika ingkang saged kula aturaken, wasana kula hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun lubering pangaksami sedaya kekirangan dalah kalepatan kula.

 

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

 

Wassalamu’alaikum Warohmatulloh Wabarokatuh.

 

Tidak ada komentar:

BERKAH KETAQWAAN

  Tersebutlah seorang pemuda yang sangat bertaqwa, dia sangat lugu dan polos. Suatu ketika pemuda itu belajar kepada seorang syaikh. Setelah...