URUT
RERONCENING
ADICARA
WISUDA MTs NEGERI 2 DEMAK
TAUN
PIWULANGAN 2019/2020
Assalamualaikum Wr.Wb
Mukhodimah.............. (sesuai selera MC).
Kanthi rahmat tentrem rahayu karana peparingipun
Allah SWT. Mugi tansah kajiwa kasarira, sumandha ing jiwangga panjenengan
sedaya lan kula. Waradin sagung dumadi. Raharja niskala.
Dhumateng para pepundhen, para sesepuh pinisepuh
dalah ajisepuh ingkang hanggung hastuti dhateng kautaman.
Para alim ulama' ingkang tansah sumandhing kitab
suci wahyuning llahi, rinten kelawan dalu minangka panuntun keblating panembah,
mliginipun dhumateng panjenenganipun Bapa KH.....................ingkang tansah
kita antu-antu sabdatamanipun.
Pangarsa MTs Negeri 2 Demak nun inggih Bapa Drs.
Karsono, M. Pd., ingkang tansah pinundhi-pundhi ing sesama.
Para dwija MTs Negeri 2 Demak, ingkang boten saged
kula sebat setunggal baka setunggal ingkang satuhu kinurmatan.
Dhumateng sangya para rawuh kakung sumawana putri
ingkang kinurmatan.
Boten kesupen para karyawan dalah siswa-siswi MTs
Negeri 2 Demak ingkang pantes lamun sinudarsana.
Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken
manungku puja, muji syukur wonten ngarsanipun Allahrobbul izzati, ingkang
sampun paring pinten-pinten rahmat saha hidayahipun, saengga wonten ing wekdal
menika, kita saged pinanggih kawilujengan, saged kempal manunggal wonten ing
adicara Wisuda MTs Negeri 2 Demak taun 2019. Sumangga nikmat menika kita
syukuri kanthi billisan biqoulina Alhamdulillahi robbil 'alamin....
Sholawat sarta salam mugi katur dhumateng Rosul
Junjungan kita, Muhammad SAW ingkang sampun nglilakaken gesangipun, kangge
mbikak pedhuting donya tumuju cahyo ingkang padhang jinglang anelahi alam
menika. Mugi kanthi maos sholawat, kita tansah pikantuk syafaatipun minat dunya
hattal akhiroh, amin-amin yaa robbal alamin. Para rawuh saha para lenggah
ingkang satuhu luhuring budi.
Kula ingkang piniji murwakani atur, minangka
jejering pambewara keparenga badhe ngaturaken urut reroncening adicara Wisuda
MTs Negeri 2 Demak ing kalenggahan menika.
Wondene adicara ingkang badhe kalampah:
setunggal pambuka.
kaping kalih, tiga, sekawan nun inggih grup paduan
suara, wisudawan-wisudawati dalasan para dwija, lumebet ing sasana wisuda.
Adicara kaping gangsal nun inggih, waosan ayat-ayat
suci Alqur'an.
Adicara kaping nem nun inggih, waosan tahlil.
Kumandhanging Lagu Indonesia Raya dumawah wonten ing
adicara kaping pitu.
kalajengaken adicara kaping wolu nun inggih Prosesi wisuda.
Adicara kaping sanga nun inggih atur pangandikan.
Adicara kaping sedasa sumene utawi (istirohat).
Mauidlotul hasanah dumawah wonten ing adicara kaping
sewelas.
Saha adicara ingkang pungkasan nun inggih do'a
ateges panutup.
Mekaten para rawuh, menggah rantaman adicara ingkang
badhe gumelar ing kalenggahan menika. Mugi tansah manggiha rahayu widada nir
ing sambekala....
Para rawuh,
Kula minangka jejering pambewara hambok bilih anggen
kula wicara hangrakit basa, wonten kliruning ukara, kisruhing paramasastra,
miwah kiranging subasita ingkang siglar ing reh tata krama, kupat janure klapa
menawi lepat nyuwun pangapura.
Wabillahit taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Sugeng Kondur, sugeng lelampahan. Mugi tindak
panjenengan saking ngriki ngantos dumugi dalemipun sowang-sowang tansah
manggiha rahayu widada nir ing sambekala.