Minggu, 23 Juli 2023

Ukara Opening dan Closing Ing Video PPL aksi 2

 Opening

Rahayu sagung dumadi, mugi kasantosan, kawilunjengan, lan karaharjan tansah kajiwa lan kasarira dhumateng panjenengan dalasan kula, awit nugrahanipun Gusti kang maha asih. Sugeng pepanggihan kaliyan kula Atiqoh Laili Fauza, saking MTs N 2 Demak Jawa Tengah.

Kados pundi pawartosipun?

Mugi tansah manggih rahayu wilujeng. Wonten kalodhangan menika kula badhe nyugata piwulang Basa Jawi kanthi materi Pacaturan atur sedahan utawi undangan mawi undha-usuk basa.

Mangga dipunpirsani kanthi tumemen, Sugeng amirsani.

Closing

Matur nembah nuwun sampun kersa mirsani pasugatan piwulang kula.        

Nyuwun pangapunten sampun njabel wekdal panjenengan kangge mirsani pasugatan piwulang kula. Mugi panjenengan tansah pinaringan bregas saras lan bingah sumringah. Sugeng pepisahan.

Rahayu kang winantu, mugi kasantosan, kawilujengan, lan karaharjan tansah kajiwa lan kasarira dhumateng panjenengan dalasan kula, awit nugrahanipun Gusti kang maha asih.

Nuwun.

PPG Daljab Kemenag 2023 kategori I Kelas A3/C UNESA

Dosen Pembimbing Bapa Sugeng Adipitoyo

Guru Pamong Ibu Yuni Astuti


Tidak ada komentar:

BERKAH KETAQWAAN

  Tersebutlah seorang pemuda yang sangat bertaqwa, dia sangat lugu dan polos. Suatu ketika pemuda itu belajar kepada seorang syaikh. Setelah...