Sabtu, 22 Juli 2023

Tuladha Teks sesorah pepisahan kelas IX

 

Assalamualaikum Wr. wb.

 

Pambuka:

Nuwun,

Dhumateng Bapa pangarsa madrasah, bapa Kasmu’in, S. Ag, S. Pd, M. Pd ingkang satuhu kula bekteni,

Dhumateng para dwija ingkang purna ing kawruh, tuntas ing pamawas, ugi tapis ing samukawis,

Dhumateng para tamu undhangan ingkang satuhu luhuring budi,

Sarta kanca-kanca kelas IX tuwin adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

 

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha asih, awit wekdal punika kita sedaya taksih pinaringan rahmat, saengga kita saged makempal kanthi bagas kewarasan, katentreman, lan karaharjan ing adicara pepisahan kelas IX.

 

Sholawat saha salam mugi katur wonten ngarsanipun junjungan kita, kanjeng nabi Muhammad saw, ingkang tansah kita antu-antu menggah syafa’atipun awit ndonya dumugining akhirat.

 

Surasa:

Para pirawuh ingkang minulya,

Keparenga matur, bilih kula minangka sesulihipun siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapa/ ibu dwija, awit saking sih katresnan panjenengan anggenipun nggulawenthah dhateng kula sakanca nalika ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, mugi-mugi pikantuk ngelmu ingkang manfaat lan barokah.

 

Salajengipun, kula sakanca namung saged memuji, mugi sedaya amal lan kesaenan bapa/ ibu dwija pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang maha agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman, saengga saged nggulawenthah dhateng adhik-adhik ngantos paripurnaning pawiyatan.

 

Para rawuh,

Boten keraos kula sakanca sampun tigang warsa ngayahi jejibahan ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki, kula sakanca nyuwun pangapunten dhumateng bapa/ ibu dwija, awit kula sakanca asring ndamel bapa/ ibu dwija duka ugi kuciwa, saking atur saha solah bawa kula sakanca, ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya.

 

Sayektosipun, kula sakanca taseh awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan punika amargi sedaya ingkang wonten mriki sampun kados sederek lan kaluarga, ananging, amargi kula sakanca kedah nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan kang langkung inggil, kula sakanca kedah saged ikhlas nilaraken pawiyatan punika.

 

Panutup:

Dhumateng bapa/ ibu dwija saha adhik-adhik, sepisan maleh, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha karaharjaning Gusti Allah. Aamiin.

Mugi-mugi MTs Negeri 2 Demak tetep jaya lan majeng prestasinipun.

 

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

 

Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula.

Piwelingku maring pra kanca, aja wedi ing rekasa.

 

Maturnuwun,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

BERKAH KETAQWAAN

  Tersebutlah seorang pemuda yang sangat bertaqwa, dia sangat lugu dan polos. Suatu ketika pemuda itu belajar kepada seorang syaikh. Setelah...